CLICK HERE FOR FREE BLOG LAYOUTS, LINK BUTTONS AND MORE! »

Sabtu, 11 Mei 2013

Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa



Kuncine Mung Latihan

            Sekolahe Tika nganake pementasan kangge ngerayakake kota Magelang sing oleh gelar Sejuta Bunga. Pementasan mau bakal digelar ing tengah alun-alun. Tikal an kanca kancane pada ngrundingake bab mau ana ing Gezebo sekolah.
Tika     : “Eh, La kowe arep melu pementasan ora?”
Bella    : “Oh.. asline aku sih arep melu, ning aku dipilih karu Bu Rina, Guru kariwitan.”
Ani      : “Wah enak kui, Nek aku daftar pementasan wae ra ditrima. Asem je nasibku”
Tika     : “Fi, gelem ra daftar seni musik gawe pementasan karo aku?”
Fifi      : “Aku wegah ah, aku ra isa”
Tika     : “Lah, ra po po aku we… ra isa main alat musik, suaraku we fales ”
Fifi      : “La njuk ngapa ndaftar?”
Tika     : “Njajal ta”
Bella    : “He em lho, mendingan daftar, ndak nasibe kaya Ani”
Ani      : “Eh, ngapa we nganda aku? Dosa we..”
Fifi      : “Ya ya ya, tak daftar wis ayo mlebu kelas, mundak diseneni”

            Bali sekolah Tika lan Fifi bali bareng, bocah loro mau lagi ngomongake pementasan kota Sejuta Bunga Magelang.

Tika     : “Piye, wis latihan rung?”
Fifi      : “Ah hurung, aku meh metu seko pementasan, males je.”
Tika     : “Lha ngapa?”
Fifi      : (gedhek gedhek)“ Aku ra isa, alasane males”
Tika     : (Mlongo) “He? Alasane mung kuwi? Eh mbok latihan, dewe melu pementasan iki, iku
  gawe kutha Magelang ta.. dadine kita kudu semangat ”
Fifi      : “Ah aku ra peduli, Magelang entuk gelar, aku ya ra entuk duwit. Malah aku dikon
  pentas”
Tika     : (gedhek gedhek ) “Kowe ki sadis ya? Wedi aku, wis ya tak bali…(mlayu)
Fifi      : (ngguyu) “Aku ki medeni ya… ha ha ha”

            Ing sekolah Tika nggawa recorder kanggo latihan ing sekolahan, amerga pentase tinggal seminggu maneh., lan tes musik dina iki.

Tika     : “Ah latihan sik…”
Bella    : “Jarene ra isa nganggo alat musik. Kok isa”
Tika     : “Eh aku latihan terus, nganti mbengi jam rolas. Delokake wae mripatku, ya ana
                jendulane amarga isih ngantuk, luwih parah meneh, aku diseneni karo tanggaku, gara
                garane nyuling mbengi-mbengi ”
Ani      : (ngguyu) “Ha ha ha, salahmen dewe nyuling mbengi-mbengi, ning ana paedahe ta..”
Fifi      : (ngguyu) “ha’a ana paedahe, aku  malah  ra isa, eh Ka aku ra sida metu, soale paling
               tese aku ya ora lulus”
Tika     : “Ramang pesimis, soale mesti sinis, dadine engko sadis, ati-ati bisa kritis…”
Ani      : “Apa sih maksute? Ra jelas tenan.”
Bella    : “Gek rusak bocahe ki..”
Ani      : “Biasane kan kurang obat..”
Fifi      : “Wis uwis, eh Tik.. Aku meh ngomong, rene melu aku”
Ani      : “ Aku meluuu”
Bella    :  (mliriki Ani) “ Eh eh aku ya melu…”
Tika     : “ Mmm… ya… ora oleh (melet)
Bella    : “Ra lucu…”
Ani      : (ngguyu) “Ha ha ha, ra lucu”

            Ing mburi kelas Tika lan Fifi lagi omongan-omongan…

Tika     : “O… dadine kowe sida ta?”
Fifi      : “Sida tapi aku ra ngerti carane”
Tika     : “Mengko tak ajari, nek wis isa, enak kok.”
Fifi      : “Aku dajari ning iki rahasia lho..”
Tika     : “Siip, kowe nggawa ra?”
Fifi      : “Nggawa lah… masa njileh wek mu, kan bisa ketularan penyakit.”
Tika     : “Iya… iya…”

            Sawise bali sekolah ana tes kanggo kelas musik pementasan, 2 jam sadurunge tes Tika karo Fifi lagi ing Gazebo

Tika     : “Dudu kuwi sik ditutup, nah kuwi saiki sebul…”
Fifi      : “Ha’a cocok suarane pas, ning  kepriye tinggl 2 jam maneh.”
Tika     : “Isa-isa kuncine mung latihan, recorder ki gampang kok”
Fifi      : “Siap… latihan gawe Magelang…”
Tika     : “Nah iki gek ra sadis”

            Tes musik akhire rampung…. Tika lan Fifi bali bareng

Tika     : “Ahh.. tenan ta… Kowe lulu tes”
Fifi      : “Sapa ta gurune”
Tika     : “Aku…”
Fifi      : “Aku ra sabar pementasan ning alun alun, pokoke aku barisan ngarep lho”
Tika     : “Eh ya ra isa, aku kudune!”
Fifi      : “Aku”
Tika     : “Aku”
Fifi      : “AkuuuuuAkuuuu”  
Tika&Fifi        : “Ha ha ha ha”





Rampung…


Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...